kholif fah

Aja Mung Sambat
Dening: kunpriyatno
Aja mung sambat
amarga pisambatmu ora bakal
nibakake rembulan kang tansah
mbok impi-impi ing pangkonmu
ora bakalnundhung degsiyane
panandhang kang wis lawas
ngrangkeng jiwa ragamu

sambat pancen kena
nanging aja nganti ngaru ara
dadi tembang sedina dina
enggala cekat ceket ngupaya
amarga bumi iki wis digelar
dening kang kuwasa
gemrayah kebak rejeki
kanggo manungsa

bukaken cendhela 
wis kencar-kencar sunare bagaskara
bukaken cendhela
obongen pisambatmu bebarengan
karo uwuh ing kana

0 Responses

Posting Komentar