kholif fah

sekar wus sumawur
Dening: handayani MW
sekar wus sumawur
sauruting lurung-lurung
lan donga kaduwung
ngumandhang ing awang – awang
rumesep ing gegodhongan
ngrenggani wengi kang sampurna
angin tumiyup,jenjem
lan kumesar pucuk-pucuk cemara

sekar wus sumawur
ing dedalanan rumpil
mblabar ing antaraning kriki
sesandhungan
ngiringi sukma oncat raga

sekar wus sumawur
ing pucuking raga
raga bakal sirna
sukma nuju kaendahan agung
mendhung gumantung ing tawang
sumilak
tan bisa munthes pengarep-arep
ngluru pepadhaning jati

sekar wus sumawur
ing akasa lan mega-mega
nalika suku tumapak
ing korining swarga
0 Responses

Posting Komentar