kholif fah


Dening : dwi lestari r
Ing kutha tengah wengi
Delengen sing padha turu gumlethak
Neng pinggir dalan

Turu kepati
Kinemul mendhung kekancan ratri
Saya bengi saya adhem
Lan ati kekes dadi siji

Jroning atiku nangis
Ndeleng dheweke turu
Ana ing dalan –dalan
Tanpa ana sing nggatekake uripe

Bedhug subuh keprungu ing pungkasaning wengi
Sing padha turu kepati banjur tangi
Amarga kawiyak sunaring srengenge
Lan wis wayahe luru golek urip

Dheweke iku padha karo kowe
Nggolek pangan esuk lan wengi
Tanpa migatekake wayah
0 Responses

Posting Komentar