kholif fah

esuk-esuk
Dening: Ratmaeda Sarastry
Hawa seger
atiku melu tentrem
manuk-manuk mabur
karo nembang gendhing kidungan 
pratandha uripe tanpa panandhang
tanpa mikir masalah

godhong-godhong njoged kausap banyu
swara angin, melu mahargya tekane esuk
aku melu tentrem,adhem,ayem
tanpa eling prekara sing dadi panas ing ati

esuk... dadi gerbang
kanggo ngayati urip
ngenam dina sesuk
kanggo nglakoni urip
dikancani swara-swara manuk
dikancani swara-swara angin
dikancani swara-swara godhong

mapag tekane esuk
tanpa mikir prakara gorehing donya
esuk iki wiwitan
wiwitan tegese pawitan
mula dohna rasa sesorangan
sing ana tentrem,adhem,ayem
0 Responses

Posting Komentar