kholif fah
genderaning tanah jawa
Dening: mohammad yamin MS
gendera iki
kumlebet
ayo
ing sakamat-kamat ngedegake cagake
kondhang kumandhange
nyatane wong jawa isih urip
nguripake angin

ing sakamat-kamat
njegegake cagak
susastra mrih ngganda wangi
oyod-oyod tuwa tumancep
isih mesthi gawe semi godhong-godhong enom
woh – woh anyar bakal gawe sengsem
woh anyar oyod tuwa asale wit sing padha
susastra sinungging ing tanah Jawa

ing sakamat-kamat
najan katempuh angin lesus saka manca
ngrusak tanah Jawa
tatanan kabudayan-kasusastran
sineret bayu-bayu brahala
nanging wong Jawa tetep wong Jawa 
aji lampah-lumpuh lampahane
digdaya nyirep hardaning hawa

ing sakamat-kamat
ngumlebetake gendera
bareng ungeling gamelan gumolong gembleng
ing sakamat-kamat
0 Responses

Posting Komentar