kholif fah

Kanca lawas
Dening: Turiya Ragilputra
kanca  lawas sing dakpethuki ing prapatan
awake kuru pundhake mikul buntelan
“arep menyang endhi mitraku?
Nggoleki rodha ekonomi sing mrucut saka porose
Lan tatanan sing mung bisa ngerut wong kere?”
(godhong-godhong gogrog saka pang
awakmunkabur kaya kapuk kumleyang)
yen pengin bukti aja takon marang manungsa
aja takon marang mentri bupati camat apamaneh sing 
paling kuwasa
luwih becik takonna marang bocah angon kae
kayangapa urip dadi kaya ngene rekasane
rega-rega dadi rante wesi
pranatan mujud dadi memedi

“aku lagi nggoleki tlacaking kamardikan
nalika bocah-bocah bumi iki labuh marang negara
ora butuh dhuwure pangkat tumumpuke bandha”
bok menawa ana angin liwat sing mesem lan mbagekake
geneya ing negara sing kondhang adil makmur iki
isih akeh wong mlarat lan kere

weruh lakune kanca lawas
sing bandhane mung kari napas
kaya ana sewu dom nunjemi maras
weruh wong-wong neneka
sing biyen teka tlatah manca
mung kari ngisis ing jaman mardika
lan numpuk bandha ngrangkul panguwasa
kaya umob iki nala

0 Responses

Posting Komentar