kholif fah
1.Aja ngaca ing banyu buthek
Aja ngaca ...
aja ngaca ing banyu buthek
merga ora bakal sliramu bisa weruh praupanmu
Aja kancanan...
karo wong sing ala tindhak tandhuke
mengko  sliramu bakal katut marang tumindhake 
Yen imane dhewe wis trep
karo sapa wae oleh kancanan
karo penjahat ya oleh
Kanggo nginsyafake marang dalan kang becik
mangga ngluru kanca kang nduweni andhap asor
aja nganti kancanan karo wong kang nyesatake dhewe


2.pandosa
Srengenge esuk madhangi ndonya
wangi kembang melathi nentremake ati
swara manuk kang ngoceh bebarengan
godhong-godhongan alas nggenepi apike alam iki


alam menehi kaendhahan
manungsa mung bisa ngrusak
alam menehi kabahagyan
manungsa malah negori
pancen pandosa ing ndonya iki
urung isa diajak kompromi
anane mung mikir bandha
kasrakahan dadi kautaman

gusti
mugi panjenengan sumerep
sapa sing salah seleh

3.jeneng kinarya japa
Tulkiyem ,painem,marpuah
Kliwon,rebo,suyitno
sapa kuwi apa kuwi
apa bakal rong puluh taun ngkas
isih keprungu sekabehane iku

tulkiyem dadi kiki
painem dadi ine
apa maneh marpuah njur dadi apa
puah?marpu?salaah
marpuah dadi marsha
lah wong jeneng kanti bisa dadi chacha

bingung? Iku mesthi
kliwon dadi wowon
rebo dadi boy
lah suyitno,suyitno bisa dadi nino

halah halaaah
apa ora padha eling
marang wong tuwa sakloron
jeneng kuwi kinarya japa
ananing wong tuwa maringi jeneng pesthi
ana donga ing sajrone
kang bakal nggawa rejekine dhewe dhewe
4.gela
Sapa sing kuat nglakoni
Yen nyawang wong sing tak tresnani
Lungguh jejer lan sandhingan
Diubengi tamu ra karuan

Gela rasaninng ati
Apa iki wis garis pesti
Aku kudu pisahan
Seprene aku duwe katresnan

Tega temen kowe nyidrani janji
Nganti bisa nglarani ati
Kebangeten sliramu
Kok tega ninggalake aku

Aku mung weling janji
Sliramu aja nganti lali
Sprene aku isih tresna
Neng ati tetep gela

5.Macan ngamuk
Sajake polahe macan ngamuk iku wis angel diendhekake
katitik saka gerenge pengin mbongkar krangkeng wesi
cakare wis gumreget,pengin mbrakot kewan cilik
tanpa nggubris yen awake wis kebak tlethong

Pancen iku macan gendheng,mripate wus ora ganep
bisa nuwuhake horeg,nganti kabeh dalan kebak sangkrah
wit witan padha ditabrak
nganti tekan kutha gedhe
mbubarake wong wong sidhang
nibakake ratu sing mung tapa bisu
njur lungguh kursi empuk
mbaung tekan manca negara
njur nguyuh lan nelek

kursi kang ngganda iku
diusung ing museum wadi
ya museum macam
6.udan wayah sore
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
Sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
Mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
7.Petenging wengi

Sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

Lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

8.Gurit kanggo kangmas
mecaki  dalan-dalan gunung wayah wengi
krasa atis lan adhem nyusup tekan balung
swara jangkrik nambahi singuping kahanan
nggawa ati semplah awak sayah pikiran kalah
ora menang tandhing yuda klawan kahanan
saya suwe saya lungkrah
reregedan kang ora kanggo katut ilining banjir
kaya atiku dak gawa mlaku mecaki wektu
lara lapane nandhang branta keranta-ranta

daktulis gurit iki pangrasa sedih ing ati
mung kanggo ngilangi laraning ati
ngilangi aboting pikir najan ora kabeh
dak suntak gagasan supaya ora angluh
muga nduweni daya nggo inspirasi maneh
golek rahmating Gusti Kang Maha Suci

9.lintang lintang
Lintang-lintang ambyar ing tawang
Cumlorot sliweran nalika alihan
Kumleyang mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

Lintang-lintang alihan
Cumlorot telu ana pundhakku
Kawitan lintang abang lintang perang
Kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

10.nyawiji
Eling sapu duk?yen dhewekan gampang kumleyang
yen bebarengan, ditugel ora bakal gampang 
eling pancasila sing nomer telu?
“persatuan Indonesia”
Nanging saiki pating slengkrah nalika maknani
Apa kang di arani “persatuan Indonesia” iku
jare bersatu angger ana duit ing kana
jare bersatu yen ana panganan ing kana
jare jare jare
mung isa sambat jare
kapan bisa teteg maknani persatuan Indonesia
apa kudu ngenteni jokowow dadi presiden
apa kudu?

 
11. Urip rekasa
Kaya ombaking jiwa ing tawang
kaya sumunar ing wayah esuk
rembulan kang nyebrangi samudra
kayata widadari kang kelangan sunaring surya
nadyan tawang nyinari bawana iki
sarupa kaya bal ing wayah surup
nanging,semangatmu ora luntur pak
nggo golek pangan,ora preduli esuk nganti surup
ndhodhog ngadeg lungguh kabeh mbok lakoni
namung kanggo anakmu kang ora pesthi bakal ngabdi
sliramu tansah sareh hangadhepi anakmu iki


12.ati- ati
Iki jaman edan
jamane cah alay, gaul, sosialita jare
nyawah lan macul ora jamane
astuti, bejo, slamet
ora bakal keprungu maneh
anane sinta, sasha, linda
hahahahaha
jaman modernisasi globalisasi
ora usum kenalan langsung
saiki usume sosial media
wiwit saka pesbuk,twiter,line,kakao talk
awit saka iku ya isa nambah kanca anyar
nanging aja kelena marang kabeh samubarang iku
kenal saka sosial media urung isa ngerti asal usule
ujug-ujug ketemu mangan bareng
eh ladalah diperkosa bar iku dipateni
sapa sing bakal tanggung jawab
wong tuwa sakloron mung isa nangis
nyesel ora bisa njaga anak prawane kanthi prigel
nggerong-nggerong kaya macan kang luwe
Gusti yen wis kabanjur njur kepriye
mung tangis kang dadi tambaning ati
13.jaketmu
Nalika udan grimis mbok copot jaketmu
Njur nggo mayungi aku karo rangkulanmu
Prapatan dalan mranggen saksi ketemuan iki
nadyan tanpa ucap aku ngerti
soroting mripatmu kebak kangen rindu
Grimis sansaya deres nganti padha ra ngerteni
Nganggo jaketmu iki udan grimis mbok payungi
tandha katresnanmu sak tenane aku ngerti

14. move on
Sing dipilih sing dilakoni
sing nglarakake ati lilakno lunga
yen ora saiki, paling ya sesuk
sing paling apik tekane ora sembarangan
urip kang muter-muter, angel
kita kedah sabar
hambegan kang jero sak jero-jerone ing tangismu lan ngguyua
dina kang endah wus ngenteni
buseken luhmu
kita ora entuk nang kene terus
lalikna masa lalumu
move on move on move on
move on saka uripmu
15.bakul areng
Areng di entun
Ing jabane masjid 
Bakule lan kabeh angen-angen
Rasaning rasane disuntak
Ing pangibadahe dadi wus jumbuh
Bakule arenge mesjid
Apadene iman takwane
Mung kari siji
Yaiku tangkeping amale
Marang sapadhane
Marang semestane
Miturut rantaman akbare
16.wewaler
Sapa sapa kang agawe becik
Ora wurung besuk pethuk kaslamatan
Nganti tekan turunane
Yen sira dadi agung
Bisa marentah wong cilik
Aja sakarepe dhewe
Mundhak ora slamet
Nggonmu dadi pangayoman
Aja gawe rusak, mrentaha kang trep
Nganggoa ukuran
17.desaku
Desaku wis katon maju
Beda karo jaman dhisik
Sabarang wis katon mubyar
Kabeh sarana diteliti
Awit paguyuban kang tansah kardi
LKM D ingkang njurung
Mimpin rakyat dadi wakil
Tansah paring penerangan
Nyatane ana kasile
Dadi desa patuladhan
Omah omah katon resik
Mula aja padha gumun
Yen mrene aja pangling
Ora kalah karo kutha
Bareng desa ana listrik
Kendharaan uga tipi
18.turua adhikku
Adhikku gantilaning ati
awan bengi mung dadi ati
awan sekolah teka
bengi ngaji karo bapak
sinau ora lali karo ibu
pancen pinter pikire
muga-muga suk yen gedhe dadi pegawe

adhikku kbeh kang dadi panjangkamu
muga-muga kapireg dening Gusti
suk adhikku dadi wong kang murakabi
adhikku
wis turua adhikku lanang
sesuk tangi gasik adus,sarapan banjur
sekolah nggo ngabekti marang
wong tuwamu,bangsa,nagara, lan ibu pertiwi
19.pituture simbah
Ya jalaran wadhahmu mung kendhi
sanadyan udan deres ora bakal entuk banyu akeh
kaya kang dadi karepmu
ya jalaran wong liya kae wadhahe genthong
sanadyan gerimis riwis-riwis
bakal entuk banyu akeh
aja meri
rejeki iku pancen manut wadhah
yen ora ana wadhahe bakal wutah
mili saparan paran
wusanane mung kangelan
nanging ya aja nglokro dadi loya-loyo
20.cupet
Buku tulis kang isih anyar
resik putih urung kena coretan
nanging yen wus kena tinta
lah kotor sekabehane
kari pintere bocah kang nyoreti buku anyar iku
eling ambane Indhonesia
sak ambane iku urung ana sing pinter nggambare
dadi mung sithik coretan kang kawaca apik
liyane njur apa
namung abstrak
malah wong manca kang bisa nyoret kaendhahane Indhonesia
kapan para pamikiring bangsa iki ora cupet
bisa nyeketsa katon apik ing bumi pertiwi iki

0 Responses

Posting Komentar