kholif fah


Kesaguhan
Dening:  Rini Tri Puspohardini

Endi guritmu cah ayu
mangkono pitakonmu saben wektu
lan aku mung bisa dheleg-dheleg
nintingi tembung, embuh pakon utawa pitakon

lamat-lamat aku eling janjiku
janji kanggo lelayaran
ing jagading tembung lan lelamunan
kang nganti seprene
isih kandheg ing pepinginan

apuranen aku
ing kene tangan kaya buntung
sikil kesrimpet , kesrimpung dhadung
dene cangkemku
klalen carane ngguyu

sepisan maneh apuranen aku
najan ora wektu iki
kesaguhan ing rungkut asri
bakal daktetepi

percayaa!!
0 Responses

Posting Komentar