kholif fah

Renungan Lingsir Wengi
Dening: marsudiyana
wengi iki,
nalika ibu pertiwi angler sare kepati
aku melek
dak sawang urubing senthir
kang katiup osiking awan wengi
mobat-mabir ngiwa nengen polahe
kaya ora gelem pisah karo sumbune

senthir!
Pancen abot sanggamu
Nanging iki wujuding jejibahan
Denya aweh pepadhang
Nganti angin wae ora seneng nyawang
Wengi iki,
Mujudake wengi kang padhang
Jalaran atiku melek lan eling
Marang gedhene tekading senthir
Kang kepingin nandur kabecikan
Sanadyan padha ora seneng nyawang
Nanging tetep nggondheli marang sumbu kang sejati
0 Responses

Posting Komentar