kholif fah


Dening: Yunani
Wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
dongeng kancil apa utheg-utheg ugel
nyengkelit kendhil bujel
pak guru repot penataran, ibu asring tindakan
wacanen dhewe ing kamar
komik bionik, flash gordon, lan sailormoon
wis ora ana maneh kanggo kowe anakku
nglangute pangkur palaran
swarane gendhing dolanan
yen rembulan ndadari sumunar padhang jingglang
setelan dhewe video game, kaset obralan, lan tamagoci
amarga wis ora keprungu jamuran ing wayah wengi
nini thowok kari bathok sumendhe gowok
neng kamar simbah muwun sesenggukan 
nangisi dina wuri kang ilang
o, putuku kabuncang angine jaman
kabeh pangan akeh kang imporan
ombyaking jaman
bisa kacegah kanthi iman sing mapan
0 Responses

Posting Komentar