kholif fah

Njaring sumilaking surya
Dening: ucik fuadiyah
Saka wiwitaning laku
Sliramu wis kandha:ora perlu nggege mangsa
Saka eseming rembulan saben ratri

Lan sumilaking surya ing rahina
Atiku tansah sreg sigreg
Ngenteni kandheging prau layarmu
Tumekeng pelabuhan ati

Sekar kang rinonce
Gegodhongan kang kumlawe
Pindha jaring jaring rumaket
Agawe tuhuning kasetyan
Ing pangajab mugi tinakdir
Prau layarmu kandheg ing kene
Kairing swara ombak
Lan sumilaking surya, usadana kangenku


0 Responses

Posting Komentar